KPKL 95 Ing Waktu Badhe Winulang
1=G 2/4
Versi Version 1
1
Kula sami kekempalan
Memuji dhateng Paduka
Dhuh Allah ingkang Sinuwun
Ing salami-laminipun
2
Nggen kula badhe winulang
Mugi Paduka paring trang
Kula sageda mangertos
Sarta nglampahi sayektos
3
Ingkang kinarya lantaran
Memulang ing pasamuwan
Mugi Paduka tulungi
Lantaran saking Roh Suci
4
Roh Paduka tumendaka
Ing manah kalebetana
Mindhaka dados utami
Ing lampah saya prayogi

OK