KPKL 9 Masmur 31
1=D
Versi Version 1
1
Dhuh Gusti pangungsen amba
Kawula mugi klilana
Angaub dhateng ngarsa Tuwan
Pinaringana kaadilan
Mugi panyuwun kawula
Lan pasambating tyas amba
Enggal Tuwan tilingaken
Kawula kaentasaken
2
Dhuh Gusti, beteng kawula
Griya pangayoman amba
Parang kawula kang santosa
Lan sela pikekah kawula
Tuwan mugi ngirid kula
Kagiringa dados menda
Kawula Tuwan luwari
Wit asma Tuwan kang suci
3
Tuwan pangauban amba
Dumateng asta Paduka
Kawula masrahaken nyawa
Mugi ngreksa sukma kawula
Kula kumandel mring Tuwan
Kang karsa paring kadarman
Tuwan tansah ngudaneni
Mring kribedannya kang abdi
4
Kawula tansah kinepang
Pagiris saha sumelang
Kathah kang ngangkah nyawa kula
Nging kula ngungsi dhateng Tuwan
Kalayan unjuk kawula
“Dhuh Gusti pangungsen amba
Pejah, gesang, tiwas, begja
Wonten ing asta Paduka”
5
Hesakehing para suci
Para kekasihe Gusti
Padha tresnaa marang Allah
Tetep kasetyane Yehuwah
Sakehing wong nganti-anti
Mring pitulungane Gusti
Kumandela marang Allah
Sarta atimu den panggah

OK