KPKL 87 Panyuwun Ing Dinten Pentekosta
1=G 3/4
Versi Version 1
1
Tyasku muga kasokana
Rohe Hyang Ma’suci
Gusti kang asetya tuhu
Wus paring prajanji
Dhuh Pamarta kang sinalib
Kang mugi wontena
Pentekosta agung malih
Mradini ing donya
2
Dhuh Gusti, mugi Roh Tuwan
Tansah tumedhaka
Dhateng pasamuwan Tuwan
Wah ing manah kula
Dhuh Pamarta kang sinalib
Kang mugi wontena
Pentekosta agung malih
Mradini ing donya
3
Dhuh Rama, mugi myarsakken
Sambate pra putra
Kawula pinaringana
Manah enggal mulya
Dhuh Pamarta kang sinalib
Kang mugi wontena
Pentekosta agung malih
Mradini ing donya
4
Dhuh Roh Ullah
Mugi mrasuk ing manah kawula
Nuntena suci lan padhang
Wah unggul ing yuda
Dhuh Pamarta kang sinalib
Kang mugi wontena
Pentekosta agung malih
Mradini ing donya

OK