KPKL 84 Tumedhakipun Roh Suci Dhateng Para Utusan
1=F 4/4
Versi Version 1
1
Kala dinten Pentekosta
Gusti karsa netepi
Kang dados prajanjinipun
Nedhakaken Roh Suci
Kairing paneng’ran
Tyang kathah kaebatan
2
Gusti angetingalaken
Kamulyanipun klayan
Pangwasane kang linuwih
Inggih wonten ngajengan
Tyang pinten-pinten bangsa
Sami gawok sedaya
3
Sakhabat lajeng tan taha
Nggunggung asmane Yesus
Kang ingangkat dening Allah
Dados Pang’ran lan Kristus
‘Nggih punika Yesus kang
Wau densedani tyang
4
Tiyang pinten-pinten atus
Nunten pasrah ing Gusti
Saha nyuwun pangapunten
Panlangsane nglangkungi
Tobat kang trus ing manah
Inggih sami katrimah
5
Duk kalane Gusti Kristus
Ngesokaken Roh Suci
Gusti karsa ngadegaken
Kratonipun rohani
Ngantos ing sapunika
Dipun lar sanggen-nggennya
6
Dalah tanah Jawi ngriki
‘Nggih sampun ingadegan
Karatone Gusti Yesus
Pinten-pinten pasam’wan
Tiyang Kristen kang samya
Manut ing Gusti kula
7
Sarta ngraosken sakeca
De kaprentah ing Gusti
Dados karahayonipun
Mila tansah memuji
Pasrah raga lan sukma
Ageng panuwunipun
8
Kula sasadherek kula
Inggih sami kaduman
Sih kanugrahaning Allah
Tumut ing pasamuwan
Yasanipun Roh Suci
‘Nggih kagungane Gusti
9
Anggen kula nandhang dosa
Sami dipun luwari
Malah dipun pundhut putra
Dening kang Mahasuci
‘Nggih cinandhang kamulyan
Kang tanpa wewangenan
10
Adhuh Gusti ingkang kula
Walesaken punapa?
Namung katemenan kula
Kula saosken samya
De pejah gesang mesthi
Kula ndherek ing Gusti

OK