KPKL 8 Masmur 29
1=D
Versi Version 1
1
He sagung pra pangwasa,
Saosa urmat puja,
Kamulyan lan panggunggung
Mring Pangeran Ma’ agung
Kalaha sakehing nama
Sing Asmane Kang Ma’kwasa
Pra ratu padha sujuda
Neng ngarsane Kang Ma’mulya
2
Swaraning Allah banter
Neng akasa gumleger
Gluduging Allah mulya
Ndalajahi segara
Rosa swarane Pangeran
Tumitah geter lan eram
De kamulyaning swaranya
Nglairken agung kwasanya
3
Swarane kang Ma’mulya
Nggeteri jagad wrata
Nanging umate Allah
Pada sujud lan bungah
Allah kang ngratoni bumi
Angereh bantering banjir
Karsa paring saking swarga
Pangwasa marang umatnya

OK