KPKL 73 Gusti Sinalib
1=G 2/4
Versi Version 1
1
Saiba sangsaraning Gusti
nglampahi pinentang
kasami lan tiyang durjana
nggene kapatrapan
Ingukum kisas sakelangkung
pisakiting Gusti
gitikan lajeng kasalib
temahan ngemasi
2
Pundi dosane Gusti kula
Nglampahi pinentang?
Saestu Gusti tanpa dosa
Ngrembat dosaning tyang
Nggenipun masrahaken nyawa
Dhasar dipun sedya
Karsa nebus mring tyang kathah
Nggih kula lan ndika
3
Mekaten Allah kang Ma’suci
Tan ngeman kang Putra
Ingkang kekasih Denpasrahken
Mrih kraharjan kula
Saiba kawlasane Allah
Dhateng tiyang dosa
Sinungan pangapunten sami
Lantaran kang Putra
4
Gusti sinalib nedahaken
Mantepipun tansah
Pamituhune mring kang Rama
Dhatan kenging ewah
Klampahan pinisakit Gusti
Inggih dipun temah
Sestu tan ngeman slira ngantos
Dumugi ing pejah
5
Wis pestine yen Gusti Kristus
Anandhang pisakit
Yeku margine mlebet dhateng
Kamulyan linuwih
Kamulyan aneng swarga agung
Nggenipun kaangkat
Jum’neng Ratu miwah Panutan
Ing sagung pra umat
6
Gusti sinalib, anenangi
manah kula sami
Suados kasaenanipun
Kawula timbangi
Pinten banggi saged amales
Ing sih-kawlasannya
Prayogine kula wangsuli
Pitados wah tresna
7
Lamun kula manggih pakewed
Wit saking ngakeni
Asmane Gusti, sampun ngantos
Kawula selaki
Sageda nyipta salibipun
Wonten ing ngajengan
Supados tetep mantep kula
Dumugi wekasan

OK