KPKL 70 Pisakitipun Gusti
1=G 4/4
Versi Version 1
1
Dhuh Rama kang Ma’wilasa
Mugi Tuwan karsaa
Anerbuka manah kula
Ing waktu sapunika
Sageda kula nampeni
Wah kapranan sayekti
Ing cariyos ing sangsara
Wah pisakiting Gusti
2
Aneng taman Getsemane
Kang Putra kang kekasih
Angesoraken slirane
Nandhang sungkaweng galih
Malah ngantos amlas arsa
Sambate mring kang Rama
Yen kenging, tuwung punika
Langkunga ing kawula
3
Adhuh, punika punapa
Putreng Allah pribadi
Ingkang konjem ing pratala
Sru rinepek ing galih
Kang rinewe angludira
Crocosan tibeng siti
Gusti cinepeng kabesta
Kadabyang lir tyang juti
4
Ingkang jum’neng ngarsanipun
Pangulu lan bupatya
Tinarka ing satru rodra
Wah malih pinojokan
Angagem makutha dhuri
Asingeb jubah jingga
Punika punapa yekti
Gusti panuntun kula
5
‘Nggih punika Sang Pantawis
Kang ngrembat dosa kula
Karsa pasrah mring satrunya
Lang inganggep durjana
Winirang dados tingalan
Kinecohan, wah malih
Kinarya pangewan-ewan
‘Nggih tan lenggana Gusti
6
Dhahat Gusti mameraken
Kawlasane mring janma
De bilure nuwuhaken
Kasarasan kawula
Duraka kula sadaya
Pangeran tempuhaken
Mring kang Putra temah dadya
Gusti wah Juru slamet
7
Adhuh Gusti, t’ladha kula
Pantawis wah Pangluwar
Janma dados klangenannya
Kang Rama krana Tuwan
Sih samanten agengipun
Amranani tyas kula
Yogya dipun puja-puja
Ing swarga lan ing donya

OK