KPKL 6 Masmur 25
1=G
Versi Version 1
1
Dhuh Yehuwah nyawa kula
Ngangen-angen mring Tuwan
Dhuh Allah gendholan amba
Sampun kula kwirangan
Mengsah amba sampun ta
Sami saged bingah-bingah
Ing ngatasipun amba
Dhuh Allah gendholan kula
2
Saestune tiyang kang sami
Ngantos-antos mring Tuwan
Amesti boten kwirangan
Nging ingkang manggih wirang
Punika tyang kang sami
Anglampahi pambalila
Tanpa sabab mring Gusti
Lan tan purun mbangun turut
3
Dhuh Yehuwah
para abdi Tuwan sungi pitedah
Sami sinrepken bab margi
Kang prayogi den ambah
Lampahnya katuntuna
Dhateng kayektosan Tuwan
Wit Tuwan Allah amba
Kang kawula antos-antos
4
Pangeran punika Allah
Kang mengku pitulungan
Allah kang den-antos-antos
Dening pra abdi Tuwan
Tuwan mugi ngengeti
Ing sih palimirma Tuwan
Kadarman Tuwan langgeng
Datan wonten wiwitannya
5
Tuwan mugi sampun ngantos
Ngengeti dosa kula
Kala nem-neman kawula
Mugi Tuwan lebura
Tuwan mugi ngengeti
Klayan gunging sih kadarman
Dhateng salir pra abdi
Dhuh Gusti Allah kawula
6
Pangeran mirah lan adil
Mulane wong kesasar
Mesti winulang bab dalan
Kang prayoga lan bener
Wong nalangsa tinuntun
Dalan ambahane Allah
Wujud kadarman mring
Wong kang netepi pranatannya
7
Dhuh Allah, sepintena ta
Agenging dosa kula
Mugi Tuwan angaksama
Awit saking kang Asma
Sapa kang wedi mring Hyang
Diwulang milih dalannya
Lan manggon ing kabegjan
Trahe ‘ntuk warisan bumi
8
Wong kang ngabekti mring Allah
Padha oleh wewenang
Pitepangan lan Gustinya
Sumrep mring prajanjian
Aku tansah tumenga
Mring Gustiku, nganti-anti
Nggone”nguwalken aku
Saka kalaning mungsuhku
9
Tuwan mugi ngudaneni
Lan melasi mring amba
Awit kepencil kesrakat
Nyawa kula keleban
Ing pakewed lan susah
Mugi enggal kaentasna
Saking sagung kribedan
Gusti pitulungan amba
10
Tuwan mugi ngudaneni
Dhateng susah kawula
Sagunging dosa kawula
Mugi Tuwan lebura
Mugi Tuwan mirsani
Kathahing mengsah kawula
De sami langkung sengit
Klayan ambek kaniaya
11
Tuwan mugi angreksaa
Dhateng nyawa kawula
Sampun ngantos kewirangan
De kumandet mring Tuwan
Tansah kaayomana
Ing resik lan kautaman
Wit Tuwan Allah amba
Kang kawula antos-antos

OK