KPKL 3 Masmur 4
1=D
Versi Version 1
1
Dhuh Allah kang ngadili kawula
Tuwan mugi narimah ing pasambat
Salebeting karupekan kula
Tuwan kang paring omber mring kawula
Mugi rentaha sih kawlasan Tuwan
Ngantos myarsakaken pandonga kula
2
Pra priya nganti pira lawase
Kluhuranku ‘nggone kawirangake
Nganti pira lawase enggonmu
Padha rumaket mring kang tanpa guna?
Apa maneh nganti pira lawase
Enggonmu padha angupaya cidra?
3
Padha sumurupa yen Yehuwah
Miji wong siji dadi kekasihe
Allah anjurungi yen daksebut
Dadia ana srengenmu ya aja
Gawe dosa, mosika ing atimu
Ana ing paturon, sarta lerema
4
Nyaosna kurbaning kamursidan
Sarta kumandela marang Yehuwah
Kathah tiyang kang gadah pangucap
“Sapa nuduhake begja mring aku?”
Duh Allah, Tuwan mugi mletekaken
Cahyaning wedana Tuwan mring kula
5
Tuwan paring bingah dhateng kula
Langkung saking ingkang karaosaken
Mring tyang kang angsal gandum lan anggur
Kawula badhe leyeh-leyeh tilem
Amargi, dhuh Yehuwah, namung Tuwan
Kang manggenaken kula asantosa

OK