KPKL 26 Masmur 95:1–7
1=Bes 4/4
Versi Version 1
1
Swawi sami anyaosaken
Pangidung kasukan mring Hyang
Sami sumyaka ngluhuraken
Paranging kraharjaningwang
Swawi methukken wedananya
Klayan panggunggung lan puji
Wah sumyaking pangidung masmur
Konjuk mring Kang Mahasuci
2
Yehuwah Allah kang ma’luhur
Dennnya ajumeneng Raja
Kwasane saestu nglangkungi
Ing sawarnining pra dewa
Dene dalah telenge bumi
Myang pucake sagung redi
Miwah seganten lan daratan
Sami wengkone Hyang Widi
3
Swawi sami tumungkul sujud
Ajengken wonten ngarsanya
Yehuwah ingkang murbeng jagad
Inggih kang nitahken kita
Awit punika Allah kita
Kita umat ngen-ngenannya
Menda reh-rehaning astane
Sabdanya tinilingena

OK