KPKL 168 Nginggilnya Kasa
1=F 4/4
Versi Version 1
1
Nginggilnya kasa saiba padhangnya
Tyang kang pitados sumendhe Gusti
Ngriki gung ribed sedhih sangsaranya
Ngrika gung ayem tentrem lan mukti
Ngrika gung ayem tentrem lan mukti
2
Nginggilnya kasa saiba reremnya!
Lamun sabarang mengeng winedhar
Ngriki tyas mami
Gung kodheng petengnya
Ngrika gumawang dyan lipur lejar
Ngrika gumawang dyan lipur lejar
3
Nginggilnya kasa saiba nikmatnya!
Aneng wismanya Sang Rama adi
Tyang kang kesrakat
Mantun rekasanya
Bala mlaekat methukken puji
Bala mlaekat methukken puji
4
Nginggilnya kasa saiba rujuknya!
Mantun sulaya, dredah, grejegan
Manah gumolong
Samya tut-tuntutnya
Runtang-aruntung tresna tinresnan
Runtang-aruntung tresna tinresnan

OK