KPKL 153 Ayem Wonten ing Gusti
1=G 4/4
Versi Version 1
1
Ayem neng Gusti Yesus
Lerem aneng swarga
Ingauban ing sihNya
Iba ayemira
Wonten swara ngumandhang
Lir pendah pramukti
Neng swarga samya ngidung
Lan enggaring ati
Ayem neng Gusti Yesus
Lerem aneng swarga
Ingauban ing sihNya
Iba ayemira
2
Ayem neng Gusti Yesus
Benjing aneng swarga
Uwal saking rencana
Kalis ing panggodha
Tan sumelang tan kwatos
Tan wonten panangis
Susah samangke namung,
Kantun sawetawis
Ayem neng Gusti Yesus
Lerem aneng swarga
Ingauban ing sihNya
Iba ayemira
3
Gusti pangungsen mami
Wah Panebus yekti
Tuwan parang santosa
Kang kula gendholi
Ngriki kula angantos
Antos klayan sabar
Ngantos puput dalunya
Dyan padhang enjing byar
Ayem neng Gusti Yesus
Lerem aneng swarga
Ingauban ing sihNya
Iba ayemira

OK