KPKL 150 Panggunggung Konjuk Mring Gusti Yesus
1=G 4/4
Versi Version 1
1
Gusti panglipuring tiyang
Kang rumaos klepatan
Tan pegat panggunggung kula
Mulyakaken Paduka
Paduka Pamarta mami
Karsa rawuh ing donya
Angrembat dosaning jalmi
Inggih dosa kawula
2
Gusti boten ngeman slira
Dados panebusipun
Tiyang dosa kados kula
Iba sih-piwlasipun
Ing redi Golgota Gusti
Nglampahi sinedanan
Kang supados kula sami
Manggiha kraharjan
3
Adhuh Gusti, kula sujud
Wonten ngarsa Sampeyan
Ingkang sarta ngraosaken
Nggen kula kesambutan
Cipta kula rinten dalu
Mugi sami sageda
Animbangi sihe Gusti
Winangsulan ing tresna

OK