KPKL 15 Masmur 62
1=Es
Versi Version 1
1
Dhahat nyawaku arerem
Lan atiku ayem tentrem
Wit kang Ma’ kwasa
Karsa dadi etuking karaharjanku
Pamomongku setya tuhu
Wah beteng lan pangungsen mami
Aku mesthi datan rebah
Wit rineksa dening Allah
2
Dhuh nyawaku saosena
Reremira ing wardaya
Mring Allah kang dakanti-anti
Dene Yehuwah Pangeran
Kang dadi peparang ingwang
Pangauban lan beteng mami
Aku mesti tan gumiwang
Wit Allah kang nganthi ingwang
3
Allah ma’luhur kang dadi
Tuking kaluhuran mami
Peparangku kang asantosa
He, bangsaku, kumandela
Mring Allah ing salamanya
Sarasaning driya saosna
Mring Allah kang mahasetya
Kang dadi pangungsen kita

OK