KPKL 147 Pasamuwan Kaasta Ing Gusti
1=G 2/4
Versi Version 1
1
Gusti Ratu kula Panutan
Kang sinung sagung pangwasa
Sarta kang boten ewah-ewah
Piwlas lan kasetyanipun
Pangajeng-ajenging pra abdi
Angsala pangestu Tuwan
Sih pitulunging Gusti dados
Panglipuring pasamuwan
2
Mugi sih Tuwan angayomi
Abdi Tuwan, guru kula
Kang enggal saha ingkang lami
Sakanthinira sadaya
K’irida Roh Tuwan kang suci
Nggenira anggen pasam’wan
Dadosa ing kamulyan Tuwan
Lan rejaning abdi Tuwan

OK