KPKL 141 Dhamparing Sih Rahmat
1=E 6/8
Versi Version 1
1
Wonten satunggal panggenan
Sayogya dados klangenan
Mring tyang dosa kang mratobat
Yeku dhamparing sih rahmat
Nggih dhamparing sih rahmat kang
Nengsemken tyas kula
Ngriku nggen kula ‘ntuk gesang
Sinungan waluya
2
Ngriku Gusti dennya ngarih
Manah kula yen asedhih
Salir prihatin binirat
Aneng dhamparing sihrahmat
3
Ngriku manah kula dennya
Sinung unggul yen ginoda
Tyang apes sinungan kuwat
Aneng dhamparing sih rahmat
4
Ngriku tyas kula ingangkat
Saking repot myang kesrakat
Temah enteng tyas kang awrat
Aneng dhamparing sih rahmat
5
Yen wonten sedhengah betah
Utawi ribeding manah
Dyan plajeng kula akebat
Dhateng dhamparing sih rahmat

OK