KPKL 140 Tansah Bingah
1=E 4/4
Versi Version 1
1
Tyas kita dimen slamanya
Bungah asukarena
Dene Sang Rama ning swarga
Nganggep putra mring kita
Mara tansah abebungah
Saben dina antuk trang
Dalaning urip endah apadhang
Mara tansah den girang
2
Hyang Agung kang njangkung kita
Rineksa ing panggoda
Sih rahmatnya kang anglipur
Paring kuwat santosa
3
Lamun kita nyingkur Gusti
Neng ati peteng uwas
Ilang kakuwatan kita
Wah kabungahaning tyas
4
Balik wong kang amiturut
Tansah padhang dalannya
Mula mara manut Gusti
Suminggah saking dosa

OK