KPKL 124 Panggunggung Konjuk Mring Pangeran
1=E 4/4
Versi Version 1
1
Pangeran Mamulya,
Yogya kula puja
Dene agung kadarmannya
Kang sumrambah mring kula
Dhatan wonten wicalannya
Tan kendhat lumintunya
Pangeran Ma’mulya yogya pinuja
Pangeran Ma’mulya yogya pinuja
2
Pangeran Mamulya,
Yogya kula puja
Dene karsa maringaken
Putranipun pribadya
Diandosken Juru slamet
Myang Pamarta kawula
Pangeran Ma’mulya yogya pinuja
Pangeran Ma’mulya yogya pinuja
3
Pangeran Ma’mulya
Yogya kula puja
De tan malesaken
Ing klepatan kawula
Malah dipun sucekaken
Sarta ingangkat putra
Pangeran Ma’mulya yogya pinuja
Pangeran Ma’mulya yogya pinuja

OK