KPKL 123 Ngluhuraken Allah
1=G 6/8
Versi Version 1
1
Daweg sami muji Allah
Pangeran mahawlas
Kang tansah paring kadarman
Pangeran mahawlas
Rinten dalu dhatan kendhat
Dennya anjangkung kang umat
Mila daweg muji Allah
Pangeran Mahawlas
2
Tan malesken dosa kula
Pangeran Mahawlas
Nging sarju paring apura
Pangeran Mahawlas
Ngantos kang Putra kekasih
Sinrahken seda sinalib
Mila dhaweg muji Allah
Pangeran Mahawlas
3
Dhaweg den wangsuli tresna
Pangeran Mahawlas
De agung sihe mring kula
Pangeran Mahawlas
Dhaweg den ngarah utami
Tinulungan ing Roh Suci
Dhaweg muji : Alleluyah
Pangeran Mahawlas

OK