KPKL 111 Rerepen Ing Wanci Dalu
1=F
Versi Version 1
1
Kula angalembana Tuwan
Ing wanci dalu punika
Padhanging surya sampun ical
Nging Tuwan tan nilar kula
Tuwan ingkang ngrimati kula
Ngungkuli bapa ing donya
Dhuh Rama ingkang Mahamirah
Saiba sih kawlasanta
2
Asta Tuwan rumeksa kula
Aparing sandhang lan teda
Dene yen kula manggih sisah
Tansah mitulungi amba
Wiwit ing wanci enjing-enjing
Ngantos ing dalu samangkya
Tuwan ngamping-ampingi kula
Kalayan kadarman Tuwan
3
Saklangkung panuwun kawula
Dhuh Rama kang wonten swarga
De saking gunging palimirma
Tan etang piawon kula
Dhasar Gusti kang Putra Tuwan
Kang nanggel dosa kawula
Temahan kalepatan kula
Tuwan apunten sadaya
4
Ing sauruting dalu mangke
Tuwan ngemuli kawula
Raga lan sukma kula pasrah
Inga asta Tuwan kang kwasa
Bencana kaliyan piawon
Mugi Tuwan tebihaken
Supados tangi kula enjing
Kang klayan kawilujengan
5
Dhuh Tuwan andel-andel kula
Ing waktu dalu lan siyang
Kang mugi Tuwan angayomi
Kula ing salami gesang
Dene yen kula tilar donya
Kesaput daluning pejah
Mugi icala petengipun
Kasorotan ing sih Tuwan

OK