KPKL 109 Karahayonanipun Tiyang Gegriya
1=C 4/4
Versi Version 1
1
Mendah nea rahayu tyang gegriya
Klayan tansah rumaket mring Gusti
Kanggep mitra myang tuking basukinya
Sarwi bingah prenthahnya pinundhi
Seka kapti anilingken sabdanya
Angabekti Allah klayan eklas
Rinten dalu angluhurken asmanya
Myang sumuyud kalayan trusing tyas
2
Mendah nea rahayu tyang semahan
Klayan nunggil tresnanya mring Gusti
Runtang-runtung denira sih-sinihan
Klayan saekapraya lan budi
Sadinten-dinten sami ngajeng-ajeng
Mring idi Tuwan sarwi memuji
Ing satitah nrimah klayan pitajeng
Saha tresna dumugi ing janji
3
Mendah nea rahayu para lare
Ingkang sampun awit lair mila
Sinaosken mring Gusti Pamartane
Inggih dening bapa biyungira
Kang sarta tansah dipun dongakaken
Wah pinerdi umarek mring Gusti
Wit alit mila ing sasaged-saged
Ugi tumut ndedonga lan muji
4
Rahayu tyang lamun dennya bebungah
Klayan emut wah sukur ing Gusti
Lamun sakit utawi nandhang susah
Nggih namung Tuwan kang den plajengi
Rahayu tyang lamun atilar donya
Aneng patunggilane Pamarta
Jasade ginentosan badan mulya
Neng daleme Sang Rama ing swarga

OK