KPKL 106 Bujana Suci
1=Es 4/4
Versi Version 1
1
Kula nika tiyang dosa
Lan sami tinimbalan
Dening Gusti kang Ma’ Suci
Kinen sami tunggalan
2
Kang nimbali wus nyawisi
Bujana ingkang suci
Ingkang suka manah rena
Mila gung kula puji
3
Tiyang dosa lan duraka
Kang sami tinedhahan
Angger tampi wlase Gusti
Sam’yangsal kanugrahan
4
Gusti mulya kang wilasa
Kang nrimah tiyang dosa
Manah kula sinucekna
Lan angsala santosa
5
Manah kula samya nlangsa
Sedhih langkung kepatos
Yen sampuna antuk mirma
Saestu mutawatos
6
Nging pinuja salaminya
Tuwan kang Ma’ Wilasa
Pangluwaran myang kraharjan
Welas Tuwan kang yasa
7
Wit kawlasan srira Tuwan
Sampun Tuwan srahaken
Kasangsaran dharah Tuwan
Tiyang kang ngwutahaken
8
Tuwan seda krana kula
Kula temah kluwaran
Saking pejah lan pangesah
Wah sagung panasaran
9
Allah nrima dhateng kula
Punika panjerira
Anggur roti kang denbukti
Minangka kang sarira
10
Kula sami anampeni
Sih Tuwan kang sampurna
Kang katandhan ing rah Tuwan
Allanggeng kaluhurna

OK