KPKL 104 Ing Wekdal badhe Bujana Suci
1=G
Versi Version 1
1
Iba kasaenaning Gusti
Andhawahaken bujana
Mring para abdine kasuprih
Mantepipun ing pracaya
Punapa malih rukunira
De sampun pitungkas Tuwan
Dhateng para sakhabatipun
Sami kinen sih-sinihan
2
Mila kula gadhah panyuwun
Kang mugi-mugi wontena
Sih jumurunging Gusti piyambak
Nggen kula sami bujana
Supados estu andadosna
Tetepipun ing pracaya
Saha indhaking tresna kula
Mring para sadherek samya
3
Dhuh Gusti, anggen kula niti
Priksa kawontenanipun
Ing manah sageda pinanggih
Kang dados klepatan kula
Saha denakeni tumunten
Sampun kula pitambuhi
Aluwung nyuwuna apunten
Kang sarta tobat ing Gusti
4
Punapa kula ngenget-enget
Dhateng pisakit Sampeyan
Mangka boten purun nelangsa
Rumaos ing kalepatan?
Punapa boten dosa kula
Kang denrembat dening Gusti?
Yogya kemawon sawarnining
Piawon kula singgahi

OK