KPKL 1 Masmur 1
1=Es
Versi Version 1
1
Rahayu kang lakune tan manut
Pangangen-angene wong duraka
Lan ora ngambah dalane wong dosa
Ora wor lungguh ing pajagongane
Nging karem nyang pamerdining Allah
Rina wengi den gilut ing manah
2
Kaanane wong iku kaya wit,
Kang tinandur sapinggiring kali,
Kang metokake woh ing kala mangsa;
Lan godonge tan nate alum gogrog;
Ingambaha rerubed ngrepoti;
Tansah lestari kang denlampahi.
3
Tan mengkono mungguh wong duraka,
Nanging lir mrambut kabur ing angin;
Ora bisa tulus ing pangadilan;
Lan ing pasamuwane para mursid;
Wong mursid rineksa ing Pangeran
Wong ala tumibeng karusakan

OK