KPKA 314 Pasamuwan Kang Nyawiji
Versi Version 1
1
Pasamuwan kang nyawiji netepi sabdaning Gusti
dadya paseksi sanyata Yesus yeku Sang Pamarta
sih rahmating Allah tumrah mring gung manungsa,
sumrambah saliring tyang kang pracaya, basuki gesangira.
2
Pindha badan mung sajuga nging kathah peranganira.
pasamuwan kang manunggal mbabarken gesang kang enggal,
sami dene mbiyantoni wit sih sinihan sayekti,
tunggal ati tunggal Gusti nengsemken mring sesami.
3
Peparing kang beda-beda dadya pisungsung kang adya,
mrih kamulyaning Pangeran wah majenging pasamuwan,
sinangkul kang karepotan nglawan godha karupekan,
mrih tuwuhing kamursidan nggayuh mring kasampurnan.
4
Pasamuwan kang nyawiji nekseni Injiling Gusti,
nglantarken sihing Pangeran datan mawang mring salir tyang,
mbelani tyang kang sangsara nadyan benten ing pracaya,
krana ajining manungsa citreng Allah Makwasa.

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK