KPKA 294 Kababaring Roh Suci
Versi Version 1
1
Dhuh Roh suci Rohing katresnan nuntuna mring kula slaminya
mbabarken sih tresnaning Allah mrih jagad tentrem wah raharja
ngrukunken tyang kang memengsahan nuntun mring pitobat tyang dosa
nggegesang tyang semplah ing manah dhuh Gusti nuntuna mring kula.
2
Dhuh Roh Suci Roh kasunyatan nunggila mring kula slaminya
mbabarken bebenering Allah mrih tobating tyang ambeg siya
labuh labet sepi ing pamrih nglawan panindhes kalayan sih
tan ajrih pepalang rubeda dhuh Gusti nunggila mring kula.
3
Dhuh Roh Suci Roh kaadilan nganthia mring kula slaminya
ambabarken adiling Allah wit dayaning pati wus kalah
ngluwari tyang binanda dosa nguculi jireting duraka
ngayomi tyang ringkih wah papa dhuh Gusti nganthia mring kula.
4
Dhuh Roh Suci nggih witing berkah nglantinga mring kula slaminya
ambabarken Kratoning Allah sumrambah sajagad warata
jagad pulih dadya lir Pirdus wah tyang ngabekti kanthi tulus
rukun lan Allah myang pepadha dhuh Gusti nglantinga mring kula.

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK