KPKA 269 Pamarta Kula Agesang
Versi Version 1
1
Pamarta kula agesang tyas kula mila agirang kang sinalib gesang,
dennya seda krana kula wungune dados panjernya, kula ndherek gesang
gesang, gesang, Pamarta kula agesang, gesang, gesang, Pamarta kula agesang.
2
Gesang Gusti kang wus seda lebur panguwasaning dosa salir tyang raharja
gung sihe Gusti mring kula mila sinung gesang nyata kula ndherek gesang,
gesang, gesang, Pamarta kula agesang, gesang, gesang, Pamarta kula agesang.
3
Gusti gesang lajeng minggah dhateng tengenipun Allah jumeneng pantara
sihnya angayemken manah gesangnya nuwuhken bingah yogya den pepuja,
gesang, gesang, Pamarta kula agesang, gesang, gesang, Pamarta kula agesang.
4
Gusti Pamarta kang gesang nimbali marek salir tyang, kinen pracayaa
tan wonten gesang sejati namung krana Yesus Gusti kang agesang mulya,
gesang, gesang, Pamarta kula agesang, gesang, gesang, Pamarta kula agesang.
5
Tyas kula saestu girang de gadhah Pamarta gesang, pangrehe slaminya
mila kula darbe tekad ngundhangken Injil mring jagad dimen ndherek gesang,
gesang, gesang, Pamarta kula agesang, gesang, gesang, Pamarta kula agesang.

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK