KPKA 162 Dhuh Gusti Pepadhang Yekti
Versi Version 1
1
Dhuh Gusti Pepadhang yekti mugi nuntun kula
ngambaha margi utami nggih bebener nyata.
2
Dhuh Gusti nggih Sang Pamarta mugi nunggil kula,
ing sangsara lan bebaya tan semplah ing driya.
3
Dhuh Gusti nggih Sang Roh Suci mugi nganthi kula,
tansah gesang mursid yekti teguh ing pracaya.
4
Dhuh Gusti yeku Sang Sabda mugi nglanting kula,
sesanggening tyang pracaya tansah katindakna.
5
Dhuh Gusti Sang Pangen nyata mugi ngreksa kula,
nadyan rinoban bilai manggiha basuki.

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK