KPKA 151 Mung Allah Maha Kawasa
Versi Version 1
1
Nadyan sira pinter alinangkung tan jajak kekeraning Hyang agung
sayogya sira aja gumunggung leladia mrih Gusti ginunggung,
Mung Allah Kang Mahakawasa wah tansah langgeng pangrehira,
bala swarga makluk wrata nelakken kamulyannya
tyang kang mursal nemahi bilai kang ajrih asih manggih basuki.
2
Nadyan sira luber sugih yekti, nging luwih sugih langit lan bumi,
mula den andhap asor ing ati, loma mring Gusti dalah sesami,
3
Nadyan sira luhur wah sinembah, tan sande bali mring lebu tanah,
mula nyaosna gesang mring Allah, dadya lantaran sih rahmat tumrah,

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK