KPKA 141 Gesang Dados Kidung
Versi Version 1
1
Gesang kula dados kidung sumaos mring Pangeran,
wit sihnya saklangkung agung maringken kaslametan,
ing kabegjan wah sangsara tansah memuji Gusti,
srana kamursidan nyata krana anyar ing budi.
2
Lamun kabotan ing susah wah karoban ing bungah,
kula manteb ing pracaya ngayom ing sih rahmatnya,
sanadyan sengseming donya nggodha wah milut ati,
kula mesthi tansah setya mbangun turut mring Gusti.
3
Pocapan wah tingkah laku mobah mosiking kalbu,
dadya kidung konjuk Allah wit sih rahmatnya tumrah,
sayogya sengkut makarya kagem Kratoning Allah,
yeku sokur trusing driya konjuk mring Gusti tansah.

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK