KPJ 72 GUSTI KAWULA INGKANG BINERKAHAN
Versi Version 1
1
Gusti kawula ingkang binerkahan;
seda Paduka sung kawilujengan.
Kawula nglari nadyan klayan sisah,
dadosa margi mring resik ing manah.
Resik pethak ngungkuli salju,
manah resik pethak ngungkuli salju
2
Gusti kawula ingkang binerkahan;
darah Paduka sèstu sipat imam.
Katundhunga sawarnining brahala,
dimèn kawula resik tanpa cela.
3
Gusti kawula ingkang binerkahan;
mugi lebura salir kasisahan.
Kula sinungana énggaling driya,
murih dados resik klayan sampurna.
4
Samangké sèstu pitados kawula,
tan badhé kemba mituhu Paduka.
Lubèring kamirahan kebak berkah,
mbangun jiwa miwah resiking manah.

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK