KPJ 53 KAPYARSI GUSTI NIMBALI
Versi Version 1
1
Kapyarsi Gusti nimbali, "He, wong kamomotan,
mareka lan mbukak ati nampi pangluwaran!"
Kula ngayom maring Gusti, dyan ayem sejati,
awit tansah binerkahan, sinung karaharjan.
2
Kapyarsi Gusti nimbali, "Wong ngelak, mareka,
ngombé banyu panguripan kang saka ing swarga'
Kula ngungsi maring Gusti, sinunga Roh Suci.
tinuntun mrih mursid yekti, tresna mring sesami.
3
Kapyarsi Gusti nimbali, "Wong dosa, mareka,
nampanana kurban suci, rah, srira sampurna!"
Kula pasrah maring Gusti, kalis saking pati,
wah ingangkat putrèng Allah, lantaraning berkah.

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK