KPJ 49 GUSTI KANG MAHAWILASA
Versi Version 1
1
Gusti Kang Mahawilasa, mugi paring aksama.
Kula getun dé klepatan, nglawan dhateng Pangéran;
nglirwakken dhawuh Paduka, manut hardaning driya.
Temah tan ngraosken tentrem wah malih gesang langgeng.
2
Gusti Ingkang Mahatresna, mugi ngruwat kawula;
temah kula dados suci miwah nunggil lan Gusti.
Manah kang peteng wit dosa énggal pulih lejara.
Pangajeng-ajeng binuka, ngener mring Allah Rama.
3
Gusti Ingkang Mahakwasa, mugi nuntun kawula;
ngambah ing margi utami, nurut pangrèh Paduka.
Awit kwasaning Roh Suci, nyingkur karsèng pribadya,
nglawan kapéncuting donya, mrih raharja slaminya.

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK