KPJ 418 SÈSTU RAHARJANIRA
Versi Version 1
1
Sèstu raharja nira tyang setya mring Gusti,
tansah olah katresnan lir tresna wiwitan.
Mung tyang tuhu sembada sinungan makutha,
gesang langgeng ing swarga nunggil lan Gustinya.
2
Sèstu raharjanira tyang tansah jumaga,
wah kukuh ing pracaya, unggul klawan godha.
Setya tulus ngabekti mring Sang Kristus Gusti,
sinungan kasugihan: kamulyan kaswargan.
3
Sèstu raharjanira tyang kang ngantya Gusti;
sabar nyanggi sangsara, krana mursid yekti.
Sinung dhampar kluhuran, nunggil Kristus Gusti;
tansah ngnunggung Pangéran, wah gesangnya suci.

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK