KPJ 417 SAURUTING LAKU
Versi Version 1
1
Sauruting laku kang dakalami,
Gusti tansah tindak ngrumiyini.
Mula kang dadi osik ing atiku,
"Gustiku sèstu setya tuhu!"
Salakuku Gusti datan négakken,
klayan setya dènira angreksa.
Ing wusanané, Gusti marengaken
aku ndhèrèk ing kamulyan swarga.
2
Ing nalika imanku wiwit goyah,
yèn tansah nyipati kang gumelar,
sanalika aku énggal gumrégah,
wit Gusti nora bakal nilar
3
Aku pracaya mring pangrèhé Gusti,
awit gesang langgeng ing astané.
Gustiku kang ngasta soroging swargi
wah nuntun aku mring kratoné.
nora = ora
sorog = kunci





Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK