KPJ 416
SAPRAKARA KANG PANTES
1
Saprakara kang pantes dè'n upadi,
yé'ku Kratoning Allah Sang Rama.
Samubarang pinaringken tumuli,
angger sumuyud jroning pracaya
Kabèh mung nglaha,
kabèh mung nglaha.
Sarwa kadonyan wus mesthi sirna.
Mung sihé' Allah kang langgeng slamanya.
Tyang kang ngayom wus mesthi raharja
2
Drajad, kasugihan, wah kasenengan
Ginayuh kanthi margi utami.
Aywa lali kang aji lan sejati,
yéku setya wah nunggil lan Gusti.
3
Sagunging kadonyan ingkang kadarbya
iku sranané' mbabarken tresna.
Yè'n dugè'ng janji tan badhé' binekta,
mung gesang langgeng bandha ing swarga

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher as the book in which this song is included.


OK