KPJ 383 PEPACANGAN KANG PRAYOGI
Versi Version 1
1
Pepacangan kang prayogi miturut karsa ne Gusti,
linandhesan ing katresnan miwah setya ing prasetyan.
Ali ali kang liniru pratandha katresnan jati;
datan wonten pungkasannya ngantos dumugeng delahan.
Mugi Gusti tansah angreksa sadherek kekalih punika
nggennya sami pepacangan; tresnanya trus ing wardaya.
2
Ing salampahnya sageda nuladha tyang kang piniji
dening Allah Kang Masuci; tumemen nggennya ngabekti.
Mboten purun nyulayani, sarak awisane Gusti,
wit tansah sami ngugemi maknaning ningkah kang suci.

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK