KPJ 348 PASAMUWAN KAN NYAWIJI
Versi Version 1
1
Pasamuwan kang nyawiji, netepi sabdaning Gusti,
dadya paseksi sanyata, Yesus yeku Sang Pamarta.
Sih rahmating Allah tumrah maring sagunging tumitah.
Saliring tyang kang pracaya, basuki gesang ira.
2
Pindha badan mung sajuga, nging kathah peranganira.
Pasamuwan kang manunggal, ambabarken gesang kang enggal,
samidene mbiyantoni, wit sih sinihan lestari,
tunggal ati, tunggal Gusti, nengsemken mring sesami.
3
Peparing kang beda-beda dadya pisungsung kang adya,
mrih kamulyaning Pangeran; wah majenging pasamuwan.
Sinangkul kang karepotan, nyingkir mring pasulayan
mrih tuwuhing kamursidan, nggayuh mring kasampurnan.
4
Pasamuwan kang nyawiji nekseni Injiling Gusti
nglantarken sihing Pangeran datan mawang mring salir tyang;
mbelani tyang kang sangsara, nadyan beda ing pracaya,
krana ajining manungsa citreng Allah Makwasa.

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK