KPJ 318 GUSTI ALLAH INGKANG MAASI
Versi Version 1
1
Gusti Allah Ingkang Maasih;
wit saking sihrahmatipun
sampun nimbali tyang kekalih,
gesang tansah atutrukun.
Tan prayogi lamun ngantos pisah,
wit saking wangkoting manah,
nging kekalihnya tunggal ati
lung tunulung gesang suci.
Brayat begja wit tinunggil
Allah Sang Rama, Sang Putra,
wah Sang Roh Suci.
2
Gusti wus nitahken manungsa nulad ing pasemonira
jalu - wanita, kekalihnya sesami rowang sembada,
kinen tansah sami memitran, mrih mekar jatining gesang,
tansah dados margining berkah mring brayat wah mring tyang kathah.
3
Gusti mberkahi tyang ningkahan, kinen mbangun kulawarga,
dados sakahing pasamuwan, temah tuwuh lan ngrembaka.
Brayat tansah pinannggih raharga, wit misungsungken gesangnya,
mrih rawuhing Kratoning Swarga, temah rahayu warata.

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK