KPJ 317 DUK KINA SAMPUN DHINAWUHKEN
Versi Version 1
1
Duk kina sampun dhinawuhken,
"Tan prayoga yen manungsa gesangnya pyambakan kewala,
lah Ingsun karya jodhonya!"
Lah ta, samangkya kanca kawula wus sinungan jatukrama,
minangka rencang kang sembada,
gesang neng ngarseng Pamarta.
Sugeng bagya! Mugi karana saking rama punika,
Allah kluhurna!
2
Kawula para kanca sami, atur puji jaya - jaya;
maring nggenipun kanca pala - krami, tinunggila begja - arja;
luluta lir mimi lan mintuna, runtung - aruntung sinihan,
wah sesarengan nambut karya kangge Kratoning Pangeran.
Sugeng Bagya! Mugi karana nggennya krama punika,
Allah kluhurna!

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK