KPJ 305 IBA KASAENANING GUSTI
Versi Version 1
1
Iba kasaenaning Gusti,
andhawahaken bujana
mring para abdine; kasuprih
mentepipun pracaya,
punapa malih rukun ira,
de pitungkasing Pangeran
dhateng para sakabatipun
kinen sami sihsinihan
2
Mila kula gadhah panyuwun, kang mugi - mugi wontena
sih jumurunging Gusti pyambak, nggen kula sami bujana;
supados sestu andadosna tetepipun ing pracaya
saha indhaking tresna kula mring pra sadherek sadaya.
3
Gusti, nggen kula niti priksa kawontenaning tyas kula
saestu sageda pinanggih, kang dados klepatan kula;
saha denakeni tumunten, mboten kula pitambuhi;
aluwung nyuwuna apunten, kang sarta tobat ing Gusti.
4
Punapa kula ngenget-enget dhateng pisakit Paduka,
mangka mboten purun neangsa ngrumaosi lepat kula?
Punapa sanes dosa kula kang denrembat dening Gusti
mila sawarnining piawon sageda kula singkiri?

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK