KPJ 269 SAIBA SANGSARANE GUSTI
Versi Version 1
1
Saiba sangsarane Gusti
nglampahi pinenthang.
Kasamekaken tyang durjana
nggene kapatrapan
Pinaku samparan lan asta,
cinamah asmanya,
pinanggang ing bentering surya,
temah pegat nyawa.
2
Pundi dosane Gusti kula, nglampahi pinenthang.
Saestu Gusti tanpa dosa ngrembat dosaning tyang.
Nggenipun masrahaken nyawa dhasar dipun sedya,
karsa nebus mring tiyang kathah nggih kula sadaya.
3
Makaten Allah Kang Masuci tan ngeman kang Putra
kang kinasih denpasrahaken mring kraharjan kula.
Saiba sih-welase Allah dhateng tiyang dosa.
Sinungken pangapunten samilantaran kang Putra.

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK