KPJ 264 LUWAR
Versi Version 1
1
Luwar, luwar, luwar saking siksa.
Puja, puja, konjok Sang Pamarta.
Kang karsa rawuh ing donya
mitulungi tiyang dosa,
mitulungi tiyang dosa,
Luwar, luwar, mung awit saking sih,
srana rahnya Gusti kang sinalib.
Saiba gunging sih rahmat
kang sung luwar, Haleluya!
2
Luwar, luwar, luwar saking dosa. Iba gungnya sihe Sang Pamarta
de karsa nombokken yuswa ngrembat dosaning manungsa
ngrembat dosaning manungsa.
3
Luwar, luwar, luwar sing bilai. Swawi sami muji dhateng Gusti
swawi denwangsuli tresna de klangkung sihe mring kita
de klangkung sihe mring kita
4
Luwar, luwar, luwar saking laknat, klangkung-langkung lubering sih-rahmat,
sayogya kula lembana, langgeng salami-laminya,
langgeng salami-laminya.

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK