KPJ 230 KABINGAHAN KANG SEJATI
Versi Version 1
1
Kabingahan kang sejati sumrambah
sabumi. Ratu Adil sampun prapta,
sinung gesang mulya, sinung gesang mulya,
sinung, sinung gesang mulya
2
Kaslametan wit sih-rahmat sinrahken mring jagad
Sang Pamarta wus manjalma ngrembat sagung dosa:
ngrembat sagung dosa, ngrembat, ngrembat sagung dosa.
3
Karaharjan kang sanyata pinaringken jalma.
Kristus prapta olah-tresna, tentrem kang pinanggya,
tentrem kang pinanggya, tentrem, tentrem kang pinanggya.
4
Warta adi kang satuhu saking Kang Makwasa.
Kristus Gusti mbikak swargi, begja tyang pracaya,
begja tyang pracaya, begja, begja tyang pracaya.

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK