KPJ 216 BETLEHEM ING EFRATA
Versi Version 1
1
Betlehem ing Efrata, sanyata prasaja,
kang cilik ing Yehuda nging pinilih Gusti.
Ya aneng kandhang kewannya, miyos ing Sang Pamarta.
Allah sung waluya, tan mawang manungsa.
2
Pra pangon wong kang ringkih, asor, melas-asih,
winartanan mlaekat marganing sih-rahmat;
de kang sinungan waluya, mung kang nlangsani dosa.
Allah Mahaasih mbelani wong ringkih.
3
Pra pujangga king wetan asung pakurmatan,
wit tinuntun lintange, Gustining pra Gusti.
Mula pra pujangga kang sowan mring Gusti.

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK