KPJ 214 ANENG PAMAKANAN
Versi Version 1
1
Aneng pamakanan, iku dunungnya;
ginedhong ing kain, sestu prasaja.
Lelintang ing langit padhang nelahi,
de Yesus Gustiku sare kepati
2
Raja-kaya nywara, kang nendra wungu,
nadyan piniyarsa nging tan ngreridhu
Samangkya atiku sstu rahayu,
wit Gusti, mitraku nentremken kalbu.
3
Dhuh Yesus, Sang Putra, mugi Paduka
lestantun ing kula kanthi sih-tresna.
Pra umat samnya binerkahana,
tinuntun nggenira lumebeng swarga.

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK