KPJ 209 TIYANG KANG PRACAYA
Versi Version 1
1
Tiyang kang pracaya mring Gusti tan was sumelang ing ati.
Tatag tanggon nglawan panggodha awit Gusti kepareng ngreksa.
Amung ana telung prakara kang utama ing urip kita:
pracaya, panganti-anti, dalasan katresnan.
Amung ana telung prakara kang utama ing urip kita:
pracaya, panganti-anti; de kang pinunjul yeku katresnan.
2
Panganti sumbering kakwatan, nyirnakken uwas lan wedi.
sumingkir salir karuwetan lamun Gusti kang dipun anti.
3
Gedhe - gedhening sih-sutresna, yen rilangurbanken nyawa
kanggo nglabuhi marang mitra; yeku dhawuhe Gustinira.

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK