KPJ 204 RANCANGANIRA DUDU RANGANGANINGSUN
Versi Version 1
1
"Rancangan ira dudu rancananingsun;
dalan ira uga dudu marginingsun.
Pindha dhuwuring langit angungkuli bumi.
Iya semono bedaning karepira lan kang sunesthi"
Yeku sabdaning Allah Padha tilingna,
dimen dadya sarana tentreming urip ira!
2
Lir udan salju tumurun aneng bumi
tan bakal bali munggah mring asalneki
Nging nyiram, nelesi bumi lan tetuwuhan
dadya sarana margining sandhang-pangan,
kanggo manungsa.

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK