KPJ 187 ANA SABAWA GUMRUBYUG
Versi Version 1
1
Ana sabawa gumrubyug, wit wong golongan kumrubut.
Gumrubug denya peplayon, "Apa baya, kang tinonton?
Ana kang gupuh sumambung, "Yesus Nasarani kang langkung."
Ana kang gupuh sumambung, "Yesus Nasarani kang langkung."
2
Yesus yeku Sang Pamarta, kang tumedhak saking swarga.
Mundhi dhawuhhe Sang Rama, mitulungi wong cilaka.
Kang pracaya trusing kalbu; mesthi denwelasi satuhu.
Kang pracaya trusing kalbu; mesthi denwelasi satuhu.
3
Wong lara saka ngendia, kang marek samnya waluya.
Wong picak agya andulu, kang lumpuh nulya lumaku.
Mula payo ndherek Gusti, Sang Juruslamet kang sejati.
Mula payo ndherek Gusti, Sang Juruslamet kang sejati.

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK