KPJ 147 YESUS ROTI PANGURIPAN
Versi Version 1
1
Yesus Roti Panguripan, tumurun saking swarga,
paring tuwuk kasantosan mring sagung tyang pracaya.
2
Yesus tuking toya gesang, nyegerken nyawa lungkrah,
cinawisken saliring tiyang ngorong nyadhong berkah.
3
Yesus dados margi utami sowan mring sang Rama
tumrap tiyang kang nglangkungi tutug, gesangnya mulya.
4
Yesus Pangen kang utami ngurbanken sariranya
Kita menda tan bilai, kalis saking antaka.
5
Yesus sang Cempening Allah dadya Juru-Wilujeng,
awit dening wutahing rah, maringi gesang langgeng.
6
Yesus pangayoman setya, langgeng ing salaminya.
Nadyan jagad kongsi sirna, panggah ing pangreksanya.

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher of the book in which this song is included.


OK